Ini kali ketiga saya ngikut acara Halal bi halal Ikasmariagitma cabang Jakarta, kebetulan tahun lalu aku absen. mungkin bakal ono hal baru. awale ngajak Tantri ’93 budhal bareng tekan Bintaro tapi ternyata areke kecapekan habis acara kantor hari sebelumnya. kebetulan sehari sebelumnya aku di kompori mas Endro ’81 (Pak Sabar nang si Entong). dadi koyoke bakal asik lek teko.

Pertama teko ketemu mas Pudji ’64. dengan senyum yang begitu familiar. trus mlebu. clingak-clinguk. Jangkrik. nggak ono bolo ini tak pikir. begitu dipersilahkan makan. yo wis di kancani piring ae wis.

Nggak suwe moro nongol moderator milis. Ghulam ’98.. wis mulai ono sing diajak ngomong. Moro ketemu paklike Oyong, Om Ade ’79 mulai ngobrol sitik. Trus sing ngompori aku teko nyopo. hehehe pak Sabar. 😛 . giliran takok progress tak jawab. iyo pak sesuk garap staffku proyeke. 😛 . trus ketemu mas Makmur ’81. moderator milis pisan lho.

Mulai wareg mangan. kenalan karo beberapa adik kelas angkatan tahun ’97. ono Dave ’97 adike Avinanta ’92. ngobrol ngalor ngidul karo arek wedok sing kerjo nang Singapore Embassy. sampe lali aku takok jenenge. ternyata pas ketemu maneh tak takoki jenenge Riska ’97.

Pas tengah2 acara akhire ketemu nawak BRC (Bhawikarsu Red Cross) Tosa ’95 ne pak Tiyoso kare Rubi ’95. ambek ono adike Elvy. Joko ’95. wis mulai ngedabrus..

Ora krasa acarane mulai *HOT* sampe mejone kobongan 😛 . Tosa to the rescue.. 😀

Iyo wis kiro2 ngono rangkumanku dolan nang Halal bi Halal Ikasmariagitma 2007. ketokane bakal akeh acara maneh.. 😛

Iki poto2 sing sempet tak jepret. ono mejo kobongan barang.. 😛